Harga: Rp30.000
Stock: Habis
MEDITASI ANGKA sanadyan tatacaranipun prasaja, hananging bobot sarta ajinipun sayekti linangkung lan mikantuki sanget. Sinten kemawon, tanpa nyawang undha-usuking golongan punapa dene kalungguhaning tiyang, saha boten winates sampun ngancik pinten yuswanipun, sadaya sami saged mratelakaken teknik meditasi punika. Meditasi Angka punika namung ngagem angka minangka objek meditasi, lan angka punika sipatipun umum boten winates muhung gadhahanipun satunggaling suku bangsa, budaya, agama, lan kapitadosan. Angka anggadhahi sipat ingkang universal minangka sarana kangge manunggilaken bebrayan agung ing ngarcapada amrih samya tansah laras, guyup rukun, lan kebak ing raos tresna welas asih kanthi anebihaken sadaya tulak sarik lan bebendhu.
Cetha boten saged dipunselaki malih kasunyatan ingkang mahyakaken bilih para leluhur tetiyang Jawi piyambak sami pitados dhateng ampuhing angka punika. Minangka tuladha, sumangga anggelar-gulung tradisi Pawukon. Werdhining angka ugi asring dipunagem minangka sandhi asma tumraping guru lan siswa. Cekak aosipuin, Meditasi Angka punika babarpisan sanes tatacara patrap mesu brata ingkang enggal, hananging mujudaken satunggaling piwulang titilaranipun para leluhur kita piyambak ingkang sampun kalirwaken.
Ing salebeting buku punika sampun kababar kanthi cablaka ing basa Jawi ngengingi teknik Meditasi Angka sarta wedharan-wedharan sanesipun ingkang taksih wonten sambung rapetipun kaliyan meditasi, kadosta Yoga Surya Namaskar. Sadaya wedharan wau kababar kanthi prasaja lan trawaca dening Prabhu Darmayasa supados gampil anggen kita mangertosi. Ing pangajab, sageda buku punika minangka tuntunan kagem sinten kemawon ingkang nedya mersudi mardawaning olah kridha batin lan pangulir budi minangka tumanduking laku hambuka olah kridhaning rasa, jumurung marang santosaning jiwa.

" />
" />
Tidak ada komentar:
Posting Komentar